Selasa, 14 Agustus 2012

KHUTBAH IDUL FITRI 1433 H / 2012 M BAHASA JAWA DENGAN TEMA NINGKATAKEN KEIMANAN LAN KEJUJURAN SAKLEBETIPUN KEMERDEKAAN


NINGKATAKEN KEIMANAN LAN KEJUJURAN
SAKLEBETIPUN KEMERDEKAAN
(SEKSI PENAMAS KANKEMENAG KAB. MADIUN)



Allahu Akbar 3x  Walillahilhamd
Hadirin jama’ah Idul Fitri yang dirahmati Allah

Wonten ing dinten menika tanggal 1 syawal, tiyang islam sami ngumandangaken takbir, tahlil dan tahmid ngagungaken asma Allah, kanthi raos remen lan bahagia amargi sedoyo umat Islam nembe bakdo nindakaken kewajiban shiyam romadlon. Saking remenipun lan raos syukur sami ngagungaken asma Alloh, kito ngrumaosi bilih wonten ngarsane Alloh kito alit sanget, pramilo saking meniko sampun ngantos kito ngegungaken bondo dunyo utawi pangkat, amargi sedoyo kolo wau bade dados bendu wonten ing akhirat. Dipun jelasaken wonten Al Qur’an Surat At Taubah ayat 24:

ö@è% bÎ) tb%x. öNä.ät!$t/#uä öNà2ät!$oYö/r&ur öNä3çRºuq÷zÎ)ur ö/ä3ã_ºurør&ur óOä3è?uŽÏ±tãur îAºuqøBr&ur $ydqßJçGøùuŽtIø%$# ×ot»pgÏBur tböqt±øƒrB $ydyŠ$|¡x. ß`Å3»|¡tBur !$ygtRöq|Êös? ¡=ymr& Nà6øs9Î) šÆÏiB «!$# ¾Ï&Î!qßuur 7Š$ygÅ_ur Îû ¾Ï&Î#Î7y (#qÝÁ­/uŽtIsù 4Ó®Lym šÎAù'tƒ ª!$# ¾Ín͐öDr'Î/ 3 ª!$#ur Ÿw Ïöku tPöqs)ø9$# šúüÉ)Å¡»xÿø9$# ÇËÍÈ  

Ingkang artosipun :
         Dipun ngendikaaken : menawi bapak-bapak, putra-putra, sederek-derek, istri-istri lan keluarganipun, bondo dunya ingkang dipun padosi, perniagaan ingkang panjenengan khawatir ruginipun, lan panjenengan remeni, meniko langsung panjenengan langkung remeni saking Alloh lan rosulipun lan berjihad, milo panjenengan tenggo ngantos Alloh datengaken keputusanipun, lan Alloh mboten badhe paring pitedah dumateng tiyang-tiyang ingkang fasik.

Wonten ugi dateng haditsipun :

                   AõjôÎømòA óÊAòÌòÇòË AõjôÎø¿òA óÉó¼ô´ò§ òÆBò· ôÅòÀø» Ó›IôÌóŸ
AõjôÎømòAóÉó¼ô´ò§òË AõjôÎø¿òA óÊAòÌòÇ òÆBò· ôÅòÀø» ö½ôÍòËòË                                   
Artosipun :  Bejo banget wong kang dadiake akal dadi panutan lan hawa nafsune dadi tawanan lan ciloko wong kang dadiake hawa nafsu  dadi panutan lan akale dadi tawanan.


Allahuakbar Allohuakbar Allohuakbar
Walillahilhamd

Sejatosipun idul fitri mboten manggen wonten rasukan enggal kemawon, ananging ingkang langkung sahe inggih puniko dumateng manah/ jiwa ingkang enggal

لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ قَمِيْصُهُ جَدِيْدٌ وَلَكِنَّ الِعْيْدُ لِمَنْ قَلْبُهُ نَظِيْفٌ
Artosipun “Dinten rioyo sanes kagungane tiyang ingkang agemane inggal, ananging dinten riyadin kagungane tiyang ingkang manahipun resik/ sahe.

Hakikat idul fitri inggih puniko wonten pundi umat islam wonten kahanan suci/ resik lan enggal. Kados dene kito anggadahi rasukan enggal, pramilo kito bade usaha kangge njagi saking sedoyo noda dan kotoran.

Kathah plajaran saking wulan romadlon ingkang saget kitho lestantunaken wonten ing kegiatan saben dinten. Paling mboten wonten ing tahun puniko wonten 3 pelajaran ingkang saget kitho pendhet saking ibadah poso romadhon :
1.        Keimanan lan ketakwaan
Tujuan utami saking siam romadhon inggih meniko saget ningkataken keimanan lan ketakwaan dhumateng Alloh SWT.
Q.s Al-Baqoroh ayat 183 :

$ygƒr'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä |=ÏGä. ãNà6øn=tæ ãP$uÅ_Á9$# $yJx. |=ÏGä. n?tã šúïÏ%©!$# `ÏB öNà6Î=ö7s% öNä3ª=yès9 tbqà)­Gs? ÇÊÑÌÈ

Artosipun : He wong kang padha Mukmin sira kabeh diwajibke puasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah.


4
 
 
Bahkan wong sing poso sing didasari iman lan ngarep ridhone Alloh semata arep diampuni dosane. Rosulullah dawuh :

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ مَا تَقَدَّمَ بِذَنْبِهِ

Artosipun : Sinten tiyang ingkang siyam wonten ing wulan romadlon ingkang didasari iman ngajeng-ngajeng ridhone Alloh SWT bakal dingapuro dosane sing wes kliwat.
Pramilo saking meniko, iman paring ketangguhan wonten aqidah sahinggo kalian keimanan dan ketaqwaan tiyang muslim badhe terus  nindaaken perintahipun Alloh SWT lan nilaraken laranganipun wonten  kahanan sepen utawi rame.

2.        Kejujuran
Sejatosipun romadhon paring pendidikan marang kita supados ningkataken kejujuran, mboten korupsi utawi mendet hak ipun tiang sanes. Semanten ugi shiyam romadhon meniko nglatih kito dumateng tumindak jujur, sinaose mboten wonten tiang  ingkang  perso kitho mboten wantun nedho utawi ngunjuk.
Pramilo saking puniko sak sampunipun siyam romadhon, kito kedah saget dados tiang ingkang saget nindakaken kejujuran sedayanipun kados ucapan, tindak tanduk kalian tiang sanes, lan sak panunggalipun.

3.        Kemerdekaan
Sak sampunipun ibadah siyam romadhon sedaya umat islam sejatosipun sampun pikantuk kemerdekaan inggih puniko kemenangan sak sampunipun perang utawi jihad nglawan hawa nafsu.
Shiyam ramadhan ing tahun meniko sesarengan kalian wulan agustus, dinten ulang tahunipun kemerdekaan RI ingkang kaping sewidak pitu (67). Mugi-mugi semangat juang lan makarya langkung nandes wonten manah lan jiwo kito. Sebab kamardikan ingkang sampun dipun perjuangaken kalian para pahlawan rumiyen, mboten namung merdikanipun kita saking penjajah, ananging ngantos merdekanipun jiwa lan raga kita saking nafsu angkara murka.
Amargi merangi hawa nafsu langkung awerat katimbang merangi ingkang dipun lampahi bangsa lintu dumateng bangso kito. Sak leresipun kesrakahan  manungso dumateng kekuasaan dan kekayaan punika nedahaken bilih dereng bebas ipun pribadi kito selaku anak bangsa.

Malah Kemerdekaan Indonesia dipun kumandangaken wekdal Umat Islam nembe nindakaken shiyam, wekdal meniko Presiden I Soekarno maosaken teks Proklamasi ing tanggal 17 Agustus 1945 wekdal umat Islam nindaaken siam Romadhon warsa 1364 Hijrah. Semangat saking Proklamasi menika saget membakar puluhan juta rakyat Indonesia bangkit melawan penjajah.

Dene wonten ing zaman Nabi Muhammad SAW, kathah peperangan ingkang dipun menangaken wekdal wulan Ramadhan, ing antawisipun perang Badar Kubra ing tanggal 17 Ramadhan 2 Hijrah / 14 Maret 624 Masehi. Pembebasan kitho Mekah ing wulan  Ramadhan 8 Hijrah/ 630 Masehi. Perang lintunipun wekdal pemerintahan khulafaur Rosyidin lan wekdal Kholifah sak bakdane.


Allahu Akbar 3x Walillahilhamd...
Hadirin Rahimakumullah...

Mekaten, katah cerios bilih peperangan lan kemenangan justru wonten ing pihak kaum muslimin kadadosan wonten ing wulan ramadhan, milai zaman nabi Muhammad SAW ngantos generasi sak lajengipun. Pramilo saking meniko saged difahami bilih Romadhon dados wulan dakwah lan jihad kangge bebasaken manungso saking cengkeraman keangkaramurkaan. Artosipun Romadhon dados wulan perjuangan boten namung kangge kaum Muslim, ananging ugi kangge pagesangan dados warga negara.

Menawi kita nilai keimanan, kejujuran lan semangat kemerdekaan saget kita laksanakan kanti sae wonten kegiatan saben dinten, boten bade kekatahen menawi Romadhan meniko saget mewujudken masyarakat ingkang islami, malah sedaya prestasi kesaenan saget diraih, kedamaian, kebersamaan, ketenangan dan keadilan badhe menyelimuti sedaya ummat manusia. Sak lajengipun monggo kita dongo, mugi Allah bade paring hidayah lan kekuatan kita kangge terus istiqomah.

Cekap semanten Khutbah ingkang saget kita aturaken, mugi-mugi wonten guna lan manfaatipun sahinggo kita saged pikantuk kebahagiaan gesang nilai saking dunyo ngantos wonten Akhirat. Amin Ya Robbal Alamin...