NINGKATAKEN KEIMANAN LAN KEJUJURAN
SAKLEBETIPUN KEMERDEKAAN
(SEKSI PENAMAS KANKEMENAG KAB. MADIUN)
Allahu Akbar 3x
Walillahilhamd
Hadirin jama’ah Idul Fitri yang dirahmati Allah
Wonten ing dinten menika tanggal
1 syawal, tiyang islam sami ngumandangaken takbir, tahlil dan tahmid ngagungaken
asma Allah, kanthi raos remen lan bahagia amargi sedoyo umat Islam nembe bakdo
nindakaken kewajiban shiyam romadlon. Saking remenipun lan raos syukur sami
ngagungaken asma Alloh, kito ngrumaosi bilih wonten ngarsane Alloh kito alit
sanget, pramilo saking meniko sampun ngantos kito ngegungaken bondo dunyo utawi
pangkat, amargi sedoyo kolo wau bade dados bendu wonten ing akhirat. Dipun
jelasaken wonten Al Qur’an Surat At Taubah ayat 24:
ö@è% bÎ) tb%x. öNä.ät!$t/#uä öNà2ät!$oYö/r&ur öNä3çRºuq÷zÎ)ur ö/ä3ã_ºurør&ur óOä3è?uϱtãur îAºuqøBr&ur $ydqßJçGøùutIø%$# ×ot»pgÏBur tböqt±ørB $ydy$|¡x. ß`Å3»|¡tBur !$ygtRöq|Êös? ¡=ymr& Nà6øs9Î) ÆÏiB «!$# ¾Ï&Î!qßuur 7$ygÅ_ur Îû ¾Ï&Î#Î7y (#qÝÁ/utIsù 4Ó®Lym ÎAù't ª!$# ¾ÍnÍöDr'Î/ 3 ª!$#ur w Ïöku tPöqs)ø9$# úüÉ)Å¡»xÿø9$# ÇËÍÈ
Ingkang artosipun :
Dipun ngendikaaken : menawi
bapak-bapak, putra-putra, sederek-derek, istri-istri lan keluarganipun, bondo dunya ingkang dipun padosi, perniagaan
ingkang panjenengan khawatir ruginipun, lan panjenengan remeni, meniko langsung
panjenengan langkung remeni saking Alloh lan rosulipun lan berjihad, milo panjenengan tenggo ngantos Alloh datengaken
keputusanipun, lan Alloh mboten badhe paring pitedah dumateng tiyang-tiyang
ingkang fasik.
Wonten ugi dateng haditsipun :
AõjôÎømòA óÊAòÌòÇòË AõjôÎø¿òA óÉó¼ô´ò§ òÆBò· ôÅòÀø»
ÓIôÌó
AõjôÎømòAóÉó¼ô´ò§òË
AõjôÎø¿òA óÊAòÌòÇ òÆBò· ôÅòÀø» ö½ôÍòËòË
Artosipun
: Bejo banget wong kang dadiake akal
dadi panutan lan hawa nafsune dadi tawanan lan ciloko wong kang dadiake hawa
nafsu dadi panutan lan akale dadi
tawanan.
Allahuakbar
Allohuakbar Allohuakbar
Walillahilhamd
Sejatosipun idul fitri mboten manggen
wonten rasukan enggal kemawon, ananging ingkang langkung sahe inggih puniko
dumateng manah/ jiwa ingkang enggal
لَيْسَ
الْعِيْدُ لِمَنْ قَمِيْصُهُ جَدِيْدٌ وَلَكِنَّ الِعْيْدُ لِمَنْ قَلْبُهُ
نَظِيْفٌ
Artosipun
“Dinten rioyo sanes kagungane tiyang ingkang agemane inggal, ananging dinten
riyadin kagungane tiyang ingkang manahipun resik/ sahe.
Hakikat idul fitri inggih puniko
wonten pundi umat islam wonten kahanan suci/ resik lan enggal.
Kados dene kito anggadahi rasukan enggal, pramilo kito bade usaha kangge njagi
saking sedoyo noda dan kotoran.
Kathah plajaran saking wulan
romadlon ingkang saget kitho lestantunaken wonten ing kegiatan saben dinten. Paling mboten wonten ing tahun puniko
wonten 3 pelajaran ingkang saget kitho pendhet
saking ibadah poso romadhon :
1.
Keimanan lan ketakwaan
Tujuan utami saking siam
romadhon inggih meniko saget ningkataken keimanan lan ketakwaan dhumateng Alloh
SWT.
Q.s Al-Baqoroh ayat 183 :
$ygr'¯»t tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä |=ÏGä. ãNà6øn=tæ ãP$uÅ_Á9$# $yJx. |=ÏGä. n?tã úïÏ%©!$# `ÏB öNà6Î=ö7s% öNä3ª=yès9 tbqà)Gs? ÇÊÑÌÈ
Artosipun : He wong kang
padha Mukmin sira kabeh diwajibke puasa, kaya para ummat sadurungira.
Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah.
|
Bahkan wong sing poso
sing didasari iman lan ngarep ridhone Alloh semata arep diampuni dosane.
Rosulullah dawuh :
مَنْ صَامَ
رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ مَا تَقَدَّمَ بِذَنْبِهِ
Artosipun :
Sinten tiyang ingkang siyam wonten ing
wulan romadlon ingkang didasari iman ngajeng-ngajeng ridhone Alloh SWT bakal
dingapuro dosane sing wes kliwat.
Pramilo saking meniko,
iman paring ketangguhan wonten aqidah sahinggo kalian keimanan dan ketaqwaan
tiyang muslim badhe terus nindaaken
perintahipun Alloh SWT lan nilaraken laranganipun wonten kahanan sepen utawi rame.
2.
Kejujuran
Sejatosipun romadhon
paring pendidikan marang kita supados ningkataken kejujuran, mboten korupsi
utawi mendet hak ipun tiang sanes. Semanten
ugi shiyam romadhon meniko
nglatih kito dumateng tumindak jujur, sinaose mboten wonten tiang ingkang
perso kitho mboten wantun nedho utawi ngunjuk.
Pramilo saking puniko sak
sampunipun siyam romadhon, kito kedah saget dados tiang ingkang saget nindakaken kejujuran sedayanipun kados ucapan, tindak tanduk
kalian tiang sanes, lan sak panunggalipun.
3.
Kemerdekaan
Sak sampunipun ibadah
siyam romadhon sedaya umat islam sejatosipun sampun pikantuk kemerdekaan inggih puniko kemenangan sak sampunipun perang utawi jihad
nglawan hawa nafsu.
Shiyam ramadhan ing tahun meniko sesarengan kalian wulan agustus, dinten ulang
tahunipun kemerdekaan RI ingkang kaping sewidak pitu (67). Mugi-mugi semangat
juang lan makarya langkung nandes wonten manah lan jiwo kito. Sebab kamardikan ingkang sampun dipun perjuangaken kalian para
pahlawan rumiyen, mboten namung merdikanipun kita saking penjajah, ananging
ngantos merdekanipun jiwa lan raga kita saking nafsu angkara murka.
Amargi merangi hawa nafsu
langkung awerat katimbang merangi ingkang dipun
lampahi bangsa lintu dumateng bangso kito. Sak leresipun kesrakahan manungso dumateng kekuasaan dan kekayaan
punika nedahaken bilih dereng bebas ipun pribadi kito selaku anak bangsa.
Malah Kemerdekaan Indonesia dipun kumandangaken wekdal Umat
Islam nembe nindakaken shiyam, wekdal meniko Presiden I Soekarno maosaken teks
Proklamasi ing tanggal 17 Agustus 1945 wekdal umat Islam nindaaken siam
Romadhon warsa 1364 Hijrah. Semangat saking Proklamasi menika saget membakar
puluhan juta rakyat Indonesia bangkit melawan penjajah.
Allahu Akbar 3x Walillahilhamd...
Hadirin Rahimakumullah...
Mekaten, katah cerios bilih
peperangan lan kemenangan justru wonten ing
pihak kaum
muslimin kadadosan wonten ing wulan
ramadhan, milai
zaman nabi Muhammad SAW ngantos generasi sak lajengipun. Pramilo saking meniko saged difahami bilih Romadhon dados
wulan dakwah lan jihad kangge bebasaken manungso saking cengkeraman
keangkaramurkaan. Artosipun Romadhon dados wulan perjuangan boten namung kangge
kaum Muslim, ananging ugi kangge pagesangan dados warga negara.
Menawi kita nilai keimanan,
kejujuran lan semangat kemerdekaan saget kita laksanakan kanti sae wonten
kegiatan saben dinten, boten bade kekatahen menawi Romadhan meniko saget
mewujudken masyarakat ingkang islami, malah sedaya prestasi kesaenan saget
diraih, kedamaian, kebersamaan, ketenangan dan keadilan badhe menyelimuti
sedaya ummat manusia. Sak lajengipun monggo kita dongo, mugi Allah bade paring
hidayah lan kekuatan kita kangge terus istiqomah.
Cekap semanten Khutbah ingkang
saget kita aturaken, mugi-mugi wonten guna lan manfaatipun sahinggo kita saged
pikantuk kebahagiaan gesang nilai saking dunyo ngantos wonten Akhirat. Amin Ya
Robbal Alamin...